Duit Muter Ning Alun 2 Ponorogo atusan Milyar..Giri Sumringah.


Pasar Malem ning Ponorogo puluhan ewu wong do blonjo lanjut numpak dermolem

Suara Jatim Ponorogo.
Pasar Malem  tahun 2025 ,  ana Tlatah Ponorogo sing dipusatke' ana alun alun Ponorogo ternyata sukses luar biasa..

Pasar malem sing secara tradisional nonjolke permainan  , ombak banyu , tong setan , drumolem (  ternyata )  selalu menarik minat dikunjungi (ditekani).

Masyarakat Ponorogo  ora bosen , merga lingkungan  Alun Alun Ponorogo kondisine wis koyo kutha gede' ,saben wengi pengunjung jejel uwel ora kenek dibiyak.

Koyo sing diomongke Eddy Susanto asal Slahung , saben saben enek acara Pasar malem ana alun alun Ponorogo , Eddy ,Ponakan lan dulur dulure selalu teka , sing penting ati seneng , jare sus antusias.

Etungan kasat mata , rata rata warga Ponorogo sing teka ana Pasar Malem kira kira enek sekitar wong 5000 pengunjung ,padahal saben sak uwong mesti transaksi , yen Ra muk sekedar ngombe , ngebakso , blonjo camilan , blonjo mainan , numpak wahana lan tuku sual ( klambi ).

Miturut Marjuki  Wakil Ketua LSM Bhineka Bangsa Pacitan , dibanding Pasar Malam ana Pacitan sing dipusatke' ana Lapangan AURI , kemungkinan  income ora enek separone , pasale Lokasi Pasar Malem Pacitan kengiwa ngiwanen ,dadi pengunjung aras arasen teka, tegas Juki.

Juki uga nambah ake' , letak lokasi Pasar Malam Ponorogo digelar ana Pusat Kota , sing panorama  bengine' ramai koyo keramaian kota besar.
Unik' e'  Wong Wong Pacitan sing kebetulan saka luar kota , mesti pada mampir menyang alun alun Ponorogo , sekalian liwat tuku barang barang murah.

Bupati Ponorogo dua periode Sugiri Sancoko , menyang media ngaku ,  ora  Isa nutupi rasa  senenge ,  lha mbok AREP digelar mben wengi to , asal wong Ponorogo  tambah Bahagia , Asal wong Ponorogo  tambah sugih , asal wong Ponorogo tambah sejahtera , kenapa tidak ...! ( Tik)